Selasa, 18 Januari 2022

Naskah MC/ Pranatacara Pengantin Jawa (manten Jawa)

Berikut contoh naskah MC Pengantin Jawa  Red : Mulyono, S.Pd



Assalamualaikum Wr Wb

Kanthi linambaran sih rahmat tentrem rahayu, karana peperinging Gusti ingkang Murbeng Dumadi

Mugi tansah lumintu , lumintir ing jiwanggo panjenengan sedaya dalasan kulo, sumrabah keluarga waradin sagung dumadi widada niskala.. aamiin

Nuwun , ingkang satuhu dahat kinabekten para sesepuh pinisepuh myang pepunden sepuh, ingkang tansah hanggung mastuti dateng pepoyaning kautaman. Kinarya tepo palupining putra wayah inkang lebdho ing pamawas miwah pono ing pitutur.

Wonten ngarsanipun para alim ulama ingkang rinten kalawan ndalu tansah hangugemi reh kautamaning budi., sumanding kitab Suci wahyuning Illahi, kinarya panutan tumuju kiblating manembah ingkang satuhu luhur ing budi.

Wonten ngarsanipun manggalaning praja satriyaning nagari, bapa lurah, Bapa kades , bapa kadus dalah pamong prajanipun, ingkang tuhu pantes dinulat sinudarsono.

Datan katalompen ugi dumateng para kadhang mudha, madya tumaruna, ingkang satuhu tinangsulan tangkeping kekadhangan ingkang tansah cinaket ing manah.

Lan ugi wonten ngarsanipun sagung adi lenggah kakung saha putri ingkang satuhu pantes sinugotho ing pakurmatan.

Keparing nenggih ngengeti bilih panjenengan sedaya lan kula hamung minangka jejering titah sawantah jalma maungsa limrah, ingkang tansah kapurba kawasesa dening Allah ingkang Maha Agung.

Pramila keparenga langkung rumiyen sumangga panjenengan sedaya lan kula tansah handedepe sumende saperlu hangunjukaken pudja puji lan syukur wonten ing ngarsa dalem Allah ingkang hakarya jagad. Kacihna ingkang tansah mbabar kanugrahan ingkang maurahan paring kekiyatan tuwin kawilujengan lan ombering wekdal, satemah ing titi kala mangsa siang/dalu menika panjenengan lan kulo saget kempal manunggal nyawijikaken sedya ing papan meniko kanthi winantu ing suko tuwin basuki. Berkah kanikmataning gesang inggih karana sih palipirmaning dzat ingkang maha welas tuwin maha asih, nun inggih Allah SWT. Ingkang kinarya sumber ingkang hanyumberi sakabehing sumber, ingkang  menika mugi-mugi karaharjan katentreman tetepo langgeng kajiwo kasalira. Lumintu lumintrir ngarsa panjengean sedaya lan kulo menapadene waradin sagung dumadi.

Sholawat saha salam mugi tangsah lumeber wonten ing ngarsanipun Priyagung mustikaning Bawana Sekaring Jagad , nun inggih Nabi Agung Muhammad SAW. Ingkang tansah dipun antu-antu syafaatipun ing Yaumul Qiyamah. Aamiin

 

Saklajengipun tuhu linepatno ing deduko tinebehna ing salwiring sendu. Dene kula cumantoko lumarap atur satemah hangirangi kamardikan nggenya panjenengan saweg sekeca wawan pangandikan. Nenggih mundi dawuhipun ingkang hamengku gathi. Bp Purwanto dalah ibu Idah punapadene kulawarga. Kulo kinen handerekaken lampahing upacara panggihing pinanganten sarimbit.

Bapak ibu para tamu minulya, sakderengipun adicara kapurwakan, kepareng langkung rumiyen badhe kulo aturaken urut rerenconing adicara ing siang menika, ingkang sampun ginontho gontho dening kaluwarga dalah para kadang panawung krida dharma.

1. Titi laksana kaping sepisan – PAMBUKA

2. Wondene adicara ingkang urut kalih – lumarabing pinanganten sarimbit tumuju ing sasana panggih

3. adicara tiga adicara panggihing pinanganten sarimbit dumugi sungkeman

4. wondene kumandanging waosan ayat suci al Quran rinacik ing adicara nomer sekawan

5. Adicara urut gangsal upacara pasarah tinampi pinanganten kakung

6. Kirabing pinanganten sarimbit rinacik wonten ing adicara nomer urut nem

7. paringipun Sabdatama utawi tauziyah

8. Kalajengakan dunga utawi hastungkara

9. adicara ingkang pungkasan inggih punika panutup

Mekaten wau urut reroncenging adicara ing wekdal siang menika.

Bapak Ibu, para tamu minulya,Rehning sedaya sampun samekta tuwin satata, pramila keapreng adicara tumuli badhe kula purwakani. Pamiyaking warana kinarya sanara, Hamemayu hayuning sasama.

Adicara ingkang kaping sepisan, nenggih pambuka. Pramila sumanga adicara dipun wiwiti kanthi waosan basmallah sesarengan, Bismillahirrohmaanirrohiim. Mugi kanthi waosan Basmallah kalawau, Allah SWT paring songsong kawilujengan, satemah adicara ing siang meniko lulus raharjo kalis ing rubeda. Aamiin


Baca Selengkapnya »

Senin, 17 Januari 2022

SDN Rayung IV ikut Mensukseskan Program Vaksinasi Covid 19 Anak Usia Sekolah

(Red: Mulyono, S.Pd) 

Dalam rangka penanggulangan dan pencegahan Virus Covid-19 SDN Rayung IV Kecamatan Senori Kabupaten Tuban ikut meksukseskan vaksinasi siswa. Kegiatan tersebut dilakukan oleh tim Satgas Covid-19 yang ada di Desa Rayung dengan tim kesehatan dari Puskesmas Senori. 

Foto Pelaksanaan Vaksinasi Anak Usia Sekolah di SDN Rayung IV


Baca Selengkapnya »

Melatih Anak Berdisiplin dengan Jadwal Harian

Melatih Anak Berdisiplin dengan Menyusun Rangkaian Jadwal Kegiatan di Rumah

Oleh : Mulyono, S.Pd

Melatih kebiasaan disiplin anak sejak usia dini sangat penting. Mereka dibiasakan melakukan kegiatan dengan tepat waktu dan memanfaatkan waktu dengan baik. Kegiatan ini dapat dilakukan siswa dengan membuat jadwal kegiatan harian. Kegiatan harian selama 24 jam dimulai pada saat bangun tidur sampai saat akan tidur malam. 


KEGIATAN HARIAN

NAMA : ANDRA

KELAS : 5

1 04.15         Bangun Tidur

2 04.15-05.00 Sholat Subuh

3 05.00-06.00 Belajar Pagi dan menyiapkan buku pelajaran

4 06.00-06.30 Sarapan, mandi dan persiapan Kesekolah

5 06.30-07.00 Berangkat ke sekolah

6 07.00-12.00 Kegiatan belajar di sekolah

7 12.00-12.30 Pulang sekolah

8 12.30-13.00 Sholat Duhur (jika belum sholat di sekolah)

9 13.00-14.00 Makan, mengulang kembali pelajaran sekolah

10 14.00-15.00 Bermain

11 15.00-15.30 Sholat Ashar

12 15.30-17.00 Mengaji di TPQ

13 17.00-18.00 Makan, mandi dan Sholat Magrib

14 18.00-19.00 Mengaji di rumah

15 19.00-19.30 Sholat Isya

16 19.30-20.30 Belajar

17 20.30-21.00 Nonton TV

18 21.00         Tidur malam



...

Baca Selengkapnya »